Search past winners/finalists


  • MESA logo

baṣa Jawa

IBA Montage

Kita ngaturi organisasi panjenengan kagem ngajengaken nominasi dumateng Pangregen Bisnis Internasional 2024 (taunan kaping 21), program pangregen bisnis utami donya.

Bilih panjenengan kajeng namphi paket pendaftaran, ingkang nampilaken instruksi jangkep bab coro mersiapken lan ngintunaken calone panjenengan, kintunaken alamat layang elektronik panjenengan wonten ngriki lan kito badhe ngintunaken layang elektronik kalian panjenengan. Kito ngagungani kebijakan privasi ingkang ketat sanget lan mboten badhe mbagikaken alamat layang elektronike panjenengan kalian sinten mawon, amargi alesan punopo mawon.

 

 


Namung niki mawon halaman wonten situs web niki ingkang badhe njenengan tingal teng boso puniki. Sedoyo halaman ingkang sanesipun wonten ing boso Inggris, kados ing paket pendaftaran. Puniki amargi kito ngedahaken nominasi dipunajengaken lebet boso inggris, milanipun profesional bisnis wonten sedoyo donyo keparing berpartisipasi lebet proses penilaian. Selajeng puniki garis ageng enggal saking IBA, persyaratan pengajengan, lan manfaat kesertaan. Bilih panjenengan mutusaken menawi organisasi panjenengan badhe ngajengaken nominasi dhateng IBA, mang emut menawi nominasi panjenengan kedah dipunsiapken lebet boso Inggris.

 

Bab Pengregan Bisnis Internasional

Pengregan Bisnis Internasional meniko setunggal-setunggalipun program pengregan ingkang ngakeni pencapaian wonten saben sisi panggen nyambut damel. Organisasi Stevie Award, ingkang mersembahaken pengregan, berpusat wonten Amerika Serikat. Piyambakipun sedoyo meniko penyelenggara wolung kompetisi Stevie Award ingkang benten, ingkang panjenengan saget sinauni wonten www.StevieAwards.com. Piala Stevie Award sampon dados salah setunggal hadiah paling dipunidamaken wonten donyo.

Ing warsa 2023, Pangregen Stevie Internasional dipunparingaken dumateng organisasi lan perorangan saking langkung 60 nagari. Klik mriki kangge mirsani pemenang edisi 2023.​

 

Kategori

Wonten kathah jenis kategori pengregan ingkang keparing dipun pilih wonten Pengregan Bisnis Internasional. Bilih panjenengan milih berpartisipasi, panjenengan badhe milih kategori ingkang sami kaliyan pencapaian ingkang badhe dipunakeni dening organisasi panjenengan, lan mersiapaken nominasi panjenengan sami kalih instruksi kagem kategori kasebat. Ing antawis jenis kategori ingkang wonten meniko kados puniki:

• Pengregan Perusahaan Warso Puniki
• Pengregan Hubungan Masyarakat
• Pengregan Layanan Pelanggan
• Pengregan Sumber Doyo Menungso
• Pengregan Teknologi Informasi
• Pengregan Manajemen
• Pengregan Pemasaran
• Sedoyo bentuk media, kalebet Pengregan Web, Pengregan Laporan Tahunan, Pengregan Acara, lan Pengregan Video
• Pengregan Kinerja Bisnis
• Pengregan Produk Enggal

Daftar lan deskripsi kategori wonten lebet ing paket pendaftaran.

Wonten saperangan ageng kategori, panjenengan kagungan pilihan kagem ngintunaken video ngantos gangsal (5) menit bab panjenengan utawi pencapaian organisasi panjenengan wonten kategori ingkang panjenengan pilih, utawi wangsulan keserat kagem pitakenan kategori.

 

Alesan Kenging Punopo Organisasi Panjenengan Kedah Ngintunaken Nominasi

Kito sampun nyusun daftar 10 alesan kenging punopo organisasi panjenengan kedah ngintunaken nominasi dhateng pengregan. Tingali Daftar Wonten Mriki.

 

Kelayakan

Saben organisasi ing donya saget berpartisipasi. Pangregen Bisnis Internasional 2024 badhe ngakeni pencapaian organisasi lan individu miwiti 1 Januari 2022.

 

Wates Wekdalipun Pendaftaran

Wonten tigo wates wekdal pendaftaranipun. 10 April menika wates wekdal awal, nawikaken potongan biaya mlebet. 8 Mei menika wates wekdal pungkasan. Pendaftaran ingkang kintun badhe dipuntampi ngantos 12 Juni kaliyan mbayar biaya telatipun.

 

Biaya Mlebet

Nominasi ing separengan ageng kategori mbetahaken pembayaran biaya mlebet, nanging wonten kategori ingkang keparing panjenengan lebetaken gratis. Saben biaya mlebet ingkang dipunbetahaken wonten ing paket pendaftaran. Pembayaran kedah dipunlampahaken ing dollar Amerika Serikat, menawi kaliyan Kartu Kredit, Cek ingkang ditarik ing bank Amerika Serikat, utawi transfer bank.

 

Pengregan

Pemenang Pangregen Stevie Internasional 2024 badhe dipunumumaken ing 14 Agustus. Salajengipun, Piala Pangregen Stevie saha Medali Perak lan Perunggu badhe dipunparingaken lebet setunggaling upacara wonten Eropa ing sasi Oktober.

 

Kontak

Pangregan Bisnis Internasional ngagungani perwakilan wonten kathah negoro. Perwakilanipun badhe mendistribusikan informasi lan ngrewangi organisasi wonten negoro kasebat kangge berpartisipasi ing pengregan. Kangge sumerep nopo wonten perwakilan wonten negoro panjenenga, Klik wonten ngriki.

Panjenengan ugi keparing menghubungi penyelengara wonten alamat puniki:

The Stevie Awards
10560 Main Street, Suite 519
Fairfax, Virginia 22030, USA
Phone: +1 703-547-8389
Fax: +1 703-991-2397
Email: help@stevieawards.com